Sony Xperia Z3 Plus - Ngenali musik nganggo TrackID™‎

background image

Ngenali musik nganggo TrackID™

Gunakake layanan pangenalan musik TrackID™ kanggo ngenali lagu sing keprungu lagi

diputer ing sakcedhake sampeyan. Rekam wae sampel cendhak lagu lan sampeyan

bakal entuk info artis, judhul, lan album ing etungan detik. Sampeyan bisa tuku lagu sing

dikenali dening TrackID™ lan ndeleng denah TrackID™ kanggo ndeleng apa sing ditlusur

pangguna TrackID™ sadonya. Kanggo asil paling apik, gunakake TrackID™ ing daerah

sing sepi.

1

Tutul kanggo mbukak menu layar ngarep TrackID™

2

Deleng riwayat tlusuran sadurunge

3

Jlajahi trek paling apik, dhaptar lagu misuwur, lagu anyar, lan liyan-liyane

4

Priksa sing ditlusuri wong liya

5

Nggoleki informasi trek, album, lan artis

6

Ngenali lagu sing lagi dirungokake

Aplikasi TrackID™ lan sawetara fitur saka layanan TrackID™ sing bisa uga ora didhukung ing

kabeh nagari utawa wilayah, utawa dening kabeh jaringan utawa panyedhiya layanan.

TrackID™ bisa disambungake menyang layanan striming musik sing sadhiya ing nagari

sampeyan.

Ngenali lagu nggunakake teknologi TrackID™

1

Saka

Layar Ngarep, tutul .

2

Golek lan tutul

TrackID™, banjur arahake piranti menyang sumber musik.

3

Tutul . Yen lagu bisa dikenali dening layanan TrackID™, asile bakal ditampilake

ing layar.

Kanggo bali menyang layar wiwitan

TrackID™, tutul .

Ndeleng informasi artis kanggo lagu

1

Sawise lagu dikenali dening aplikasi

TrackID™, asil ditampilake ing layar ngarep

TrackID™.

2

Gulung asile menyang item sing arep dideleng, banjur tutul kanggo mbukak.

Mbusak lagu saka riwayat trek

1

Bukak aplikasi

TrackID™, banjur tlusuri menyang lagu sing pengin dibusak.

2

Tutul terus layar kanggo nampilake .

3

Tutul .

99

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Nggunakake TrackID™ LIVE

Sampeyan bisa nggunakake TrackID™ LIVE kanggo ndeleng trek LIVE wektu nyata saka

saubenge donya.

Bukak aplikasi

TrackID™, banjur tutul tab LIVE.

Sampeyan bisa ngowahi sepiro cepete entuk trek lan bisa menengake utawa nguripake swara

pratilik lagu.